HARI
INI AKU AGAK KEJAWA-JAWA’AN..
I
LOVE “JAVA” INDONESIA..!!!!!
Punakawan utawa panakawan iku sebutan
kanggo para pamomong (pangiring) para ksatria ing wayang. Punakawan biasanè
metu nalikane wayah goro-goro.
Umume panakawan metu ing
pagelaran nalika gara-gara, yaiku ngepasi tengah wengi nalika kahyangan
ora tentrem lan ndonya kaya obah ngadhepi prahara. Iki katilik seka pangucap dhalang,"bumi
gonjang-ganjing langit kelap-kelap". Panakawan kang kondhang ing tanah
Jawa yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Paraga-paraga iki ora kaya wayang
liyane kang dijupuk seka Indhia, panakawan asli seka Jawa.
Saliyane iku, ana uga Togog
lan Bilung (Sarawita) kang dadi pameling para mungsuh utawa negara-negara
sebrang lan Kurawa. Dene emban kraton kang dadi pameling para putri yaiku Cangik
lan Limbuk. Punakawan duwè karakter kang manéka warna.
Semar
Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar
Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang
jawa
lan sunda.
Gareng
Gareng duwe teges pujaan utawane aleh saka muja. Nalagareng yaiku wong
kang ora pinter omong. Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput. Gareng
iku lucu lan seneng gawe guyu. Ana ing lakon wayang
gareng tau dadi ratu ana ing lakon Gareng Dadi Ratu.
Petruk
Tembung Petruk asale saka tembung fatruk kang duwe teges kang ninggalke.
Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati. Petruk
uga pinter omong lan lucu. Gareng nyindir karo guyonane kang khas.
Bagong
Tembung Bagong asale saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah.
Bagong iku ateges layangan saka semar. Bagong duwe sifat lancang lan seneng
berlagak goblok lan lucu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar